Sambang Menyang
Goa Maria Lourdes Puh Sarang
Ing
Kediri ana papan ziarah kang akeh pangunjunge, yaiku Guwa Maria Lourdes
Ing Desa Pub Sarang, Kecamatan Semen , Kabupaten Kediri. Papane ana
ing sisih kulone kutha Kediri. Pengunjung saka luar kota sing ngersakake
mrana, yen wis Tekan prapatan alun-alun kota Kediri banjur ngulon,
jurusan terminal bus "Tamanan", utawa jurusan menyang Kecamatan
Semen. Tekan terminal, nuli ngulon watara 5 kilometer. Bisa nurut
petunjuk menyang lokasi kang dipasang ing saben protelon utawa prapatan
nganti tekan lokasi.
Sawetara
petunjuk digawe saka blabak kanthi tulisan "Menuju Gua Maria
Lourdes", "Menuju Gereja Puh Sarang/Sasana Hening St Catharina."
Puh Sarang kang njalari kondhang wiwitane mung papan ziarah, yaiku
anane "Gereja Antik" Ian "Unik." Reng lan usuk
empyake gereja digawe saka lonjoran kawat waja. Genthenge digawe kanthi
wujud khusus.
Bangunane gedhung akeh digawe saka watu wutuh (dudu bata). Ing njero
gereja ana relief-relief saka watu kang nggambarake utawa nglambangake
bab para penulis Injil. Gereja Katholik Pub Sarang kang unik lan endah
kuwi madheg taun 1936, minangka "perpaduan "antarane Karya
Agung saka Ir. Henricus Maclaine Pont, Pastor H. Wolter, CM Ian pendhudhuk
Puh Sarang.
Nalika tanggal 18 Mei 1999 gereja Puh Sarang diwiwiti renovasi ang
kaping papat. Banjur ing tanggal 26 Desember 1999 diresmekake dening
Mgr. J. Hadiwikarta, Pr Uskup ing Keuskupan Surabaya. Daya tarik ziarah
Puh Sarang dadi komplit, kanthi dibangun Guwa lan Patung Maria Lourdes.
Ana telu patung Bunda Maria kang unik lan khas ing papan ziarah kono.
Sepisan ana ing Guwa Maria, sisih kiwa Gereja Pub Sarang, biyen tau
Hang dicolong uwong lan dibuwang, ning ing tembene bisa diternokake
maneh. Kapindho ing Guwa Maria cedhak "Gedhung Serba Guna",
lan katelu Patung Bunda Maria kang paling gedhe lan paling anyar,
mapan ing Guwa Maria Lourdes.
Sawijining "ciri khas" saka ziarah katholik yaitu prosesi
"jalan salib." Yaiku prosesi ndedonga ing sawijining papan,
nuli mlaku tumuju papan liyane kang ing saben papan utawa panggonan
(stasi) papan nuduhake gegambaran, swasana utawa lelakon nalika Yesus
Kristus (Nabi Isa) nandhang sangsara, wiwit putusan ukuman salib,
penyaliban, seda nganti wungune.
Papan utawa stasi adate arupa gambar, relief utawa patung. Ing papan
ziarah Puh Sarang ana telung lokasi kanggo dalan salib. Sepisan ing
komplek Gereja Antik St. Maria Pub Sarang. Kapindho ana ing sakiwa
tengene lapangan cedhak pelataran parkir. Ing jalan salib loro-lorone
mau ana gambar "stasi" (perhentian) arupa rilief saka watu
kang endah. Jalan Salib kang katelu katon luwih istimewa, awit stasi
kanggo renungan kawangun patung-patung gedhe, saukurane manungsa,
malah ana kang kepara luwih. Areale luwih jembar, dalane luwih amba
Ian dawn, sarta papane ana ing perbukitan endah, kaya-kaya nggambarake
lelampahan ing Bukit Golgota kang sanyatane (nalika Yesus Kristus
nandhang sangsara).
PONDOK
ROSARI
Kanggo mbiyantu para peziarah nglancarake pandonga Ian musatake renungan
sarta pemahaman iman, dibangun telu "Pondok Rosari." Tumprap
umat Katholik papan kuwi digunakake kanggo ndedonga "doa rosario"
(sembahyang rosario). Kanggone pengunjung utama peziarah sing dudu
umat kristiani, bisa mbantu nambah kawruh utama wawasan kristiani.
Ing njero pondok kono ana gambar-gambar kisahc Yesus Kristus utama
Nabi Isa kang direngga lampu (disinari cahaya). Tegese yen kepengin
gambar-gambar ing kono katon luwih jelas lan kontras bisa nggunakake
lampu (penyinaran) supaya luwih apik lan endah. Ana telung pondok
kang dibangun adhe dhasar "misteri hidup Yesus Kristus"
kang bisa direnungake lan dihayati ing sajroning pandonga. Pondhok
telu man yaiku nggambarake "Peristiwa Gembira ", nggambarake
"Peristiwa Sedih" Ian katelu nggambarake "Peristiwa
Mulia."
Papan
ziarah Puh Sarang dadi kondhang lan saya akeh pengujunge (luar biasa)
uga merga anane Guwa Maria Lourdes, minangka "replika" utama
tiruan saka Guwa Maria Lourdes ing Prancis. Ing komplek Guwa Maria
Lourdes Pull Sarang diterusi tradisi ziarah Katholik arupa Misa Novena
Bunda Maria lan Misa Tirakatan "MALAM JUMAT LEGI." (Misa
upacara ibadah utama di gereja katolik yang di dalamnya ada roti dan
anggur yang dikurbankan berubah zatnya menjadi kehadiran Kristus).
Misa Novena katindakake kaping sanga (berturut-turut) sesasi sepisan
ing Minggu kapindho, wiwit Minggu,8 Oktober 2000 nganti Minggu 10
Juni 2001. Tema kang digelar ing Minggu, 4 Desember 2000 "Kapan
Akhir Zaman Terjadi."
Acara tirakatan : MALAM JUMAT LEGI "dirasa nges" utamane
Tumprap wong Jawa, sebab Ibadah Ian pandongan kerep dilantarake nganggo
basa Jawa. Pepujian diiringi nganggo gamelan Jawa kang "nges
" lan "nyamleng."
Manggon ing "joglo antik lan altar antik", saben "Malem
Jumat Legi" ora kurang saka 5000 pengunjung melu ndeleng utama
melu sajroning prosesi tirakatan. Ing dina-dina biasa ngepasi ora
dianggo Misa, joglo antik kang ora ana cagake tengah Nn genthenge
kaya dironce utama direntengi nganggo kawat iku Bering dienggo papan
"retret" (papan kanggo ngosongake dhiri), rapat-rapat, nate
uga kanggo pengajian lan tahlilan.
Dhek dina Minggu, 26 Desember 1999 ing Guwa Maria Lourdes iku dirayake
Misa Pembukaan Yubileum Agung Tahun 2000 dening Uskup Surabaya, Mgr.
J. Hadiwikarta lan penandatanganan prarasti peresmian dening Bapak
H. Suparyadi, Bupati Kediri (wektu iku). Kang ora kalah endahe maneh
ing sisih tengen Guwa Maria, ana papan "Sumber Air" kang
bisa mili sacara otomatis Ian bisa langsung diombe (air sehat).
ORA
MLIGI UMAT KRISTIANI
Mlaku-mlaku ing lokasi ziarah Pub Sarang kejaba "asyik",
kebak nuansa rohani nanging uga nyehatake. Napaki lokasi ziarah Pub
Sarang pancen ngeselake nanging yen dilakoni kanthi senenging ati,
bakal nyehatake jasmani lan rohani. Pengunjunge pancen ora mligi umat
kristiani bae. Kejaba dadi papan ziarah, Puh Sarang pancen wis klebu
sawijining obyek wisata ing Kediri. Pengunjung era mung saka tlatah
Jawa Timur utawa tanah Jawa wae, uga minangka sranane masyarakat Puh
Sarang kang ora kabeh wargane nganut agama Katolik/Kristen (kalebu
petugas keamanan lan petugas parkir, ora kabeh wong katolik) bisa
nampa berkat kanthi bakulan sawernaning panganan, asesoris utawa oleh-oleh.
Sambang
menyang ziarah Puh Sarang kang asal perigunjunge saka maneka warna
suku, ras Ian agama, rinasa kabeh dadi siji (umate Gusti) tanpa ana
tujuan doktrinisasi. Kanthi ziarah menyang papan "kebersamaan"
karo umat sing nganut agama liya bisa dirasakake yen minangka "putra
bangsa " dadi sawijining wadhah minangka wong pracaya marang
"Gustine." Kanthi tembung liya, ing kana cinipta rasa tentrem
Ian tulusing ati. Saora-orane ing kana saben uwong bakal ngembangake
"tresna lan katentreman."
Ziarah menyang Puh Sarang bisa nulung wong akeh antuk "penjelasan"
lan "pemahaman" karohanian, tanpa ngliwati "Pekabaran
Injil" utawa paseksen kang muluk-muluk. Ing kana wong bisa paham
bab nilai-nilai kekristenan. Saora-orane kekristenan bisa dikenal
dening umat kang nganut agama liyane.
Mangkono uga umat kristiani uga kudu luwih nyadhari "anane"
umat, kajaba umat kristiani. Kalebu bisa madegake toleransi kang bener,
tulus Ian adil. Yen bab iki bisa katandur mestine bakal cinipta katentreman,
ora ana manch memungsuhan utawa peperangan.
Kahanan ing ziarah Puh Sarang bisa mujudake (njawab) pangajabe Seminar
Ian Lokakarya "Rekonsiliasi Indonesia" kang digelar bcbarengan
dening : Nahdhatul Ulama (NU), Persekutuan Gereja-gereja ing Indonesia
(PGI). Konferensi Waligereja Indonesia (KWI), Perwakilan Umat Budha
Indonesia (WALITBI), Parisada Hindu Dharman Indonesia Pusat (PHDI),
Al Jami'iyatul Washliyah (AL-WASLIYAH). Majelis Tinggi Agama Khonghucu
Indonesia (MATAKIN), Himpunan Penganut Kepercayaan (HPK) Ian Konferensi
Agung Sangha Indonesia (KASI),
nalika tanggal 16 - 19 Nopember 2000 ing Hotel Victory, Batu, Malang
Ian ing Pesantren Al-Hikam, Malang, kanthi tema: "Bersama-sama
memasuki era tanpa kekerasan."
(Majalah
JAYABAYA no. 70-17, 24 Desember 2000)